Ayo Padha Menyang Daleme
Kidung pamunggah. Anggitane Prabu Dawud.
Bungahe wong ziarah nalika tekan ing padalemane Rama kita, sikile nyata-nyata ngadeg ing sajroning gapura. Kutha iku papan klempakane para taler lan papan kaadilan diparingake, mula dheweke ndedonga kanggo tentreme, lan kandha yen iku ditindakake marga saka para sadulure, dudu marga awake dhewe.
122 1Aku bungah karo wong-wong kang ngucap marang aku: “Ayo padha menyang daleme Rama kita.” 2Sikil kita padha ngadeg ing sajroning gapuramu, dhuh Yerusalem. 3Yerusalem, kang kabangun minangka kutha kang kagandheng santosa dadi siji, 4yaiku papan kang diunggahi para taler, para talere Rama kita, minangka katetepan tumrap Israel, kanggo saos panuwun marang asmane Rama kita. 5Awit ing kono dhampar-dhampar pangadilan wis kapasang, yaiku dhampar-dhampare wangsa Dawud.
6Padha ndedongaa kanggo tentrem rahayuning Yerusalem: “Muga wong kang padha tresna marang kowe padha ayem tentrem. 7Muga ana katentreman ing sajroning balowartimu, lan karahayon ing sajroning puri-purimu.” 8Marga saka para sadulurku lan para kancaku, aku bakal ngucap: “Muga tentrem rahayu ana ing kowe.” 9Marga saka daleme Rama kita, aku bakal ngupaya kabecikanmu.