Paseksi kang Kendel ing Ikonium
Ing Listra ana wong lumpuh mlumpat ngadeg, lan wong akèh nganggep Barnabas lan Paulus iku Zeus lan Hermes sing tumedhak. Wong loro mau nyuwèk sandhangané lan malah nuduhaké Rama sing gesang. Sawetara dina sabanjuré, wong akèh sing padha mbenturi Paulus nganggo watu lan ninggal dhèwèké kaya wis mati. Dhèwèké tangi lan terus lumaku.
14 1Ing Ikonium Paulus lan Barnabas padha bebarengan lumebu ing papan pangibadahe wong Yahudi sarta memulang, nganti akeh banget wong Yahudi lan wong Yunani kang padha pracaya. 2Nanging wong Yahudi kang ora gelem pracaya padha ngojok-ojoki sarta ngracun atine wong-wong kang dudu Yahudi supaya sengit marang para sadulur. 3Wong loro mau nganti suwe anggone ana ing kono, kanthi kendel memulang bab Gusti, kang neguhake pangandika bab sih-rahmate, sarta nindakake pratandha lan mukjijat lumantar tangane wong loro mau. 4Nanging wong sakutha padha pecah: ana kang ngiloni wong Yahudi, ana uga kang ngiloni para rasul. 5Nalika wong kang dudu Yahudi lan wong Yahudi, bebarengan karo para panggedhene, padha arep nganiaya sarta mbenturi watu marang wong loro mau, 6bareng ngreti bab iku, wong loro mau padha ngungsi menyang kutha-kuthane tanah Likaonia, yaiku Listra lan Derbe, sarta ing wilayah sakiwa-tengene, 7lan ana ing kono padha martakake Injil.
Rama kita Nyarasake Wong ing Listra
8Ing Listra ana sawijining wong lanang lungguh, sikile lumpuh, pincang wiwit lair, sarta ora tau bisa mlaku. 9Wong iku ngrungokake Paulus memulang. Paulus mandeng marang dheweke sarta ngreti yen wong mau duwe pracaya kang bisa marakake waras, 10banjur ngucap kanthi swara sora: “Ngadega jejeg ing sikilmu!” Wong mau banjur mancolot ngadeg sarta wiwit mlaku. 11Bareng wong akeh padha ndeleng apa kang ditindakake Paulus, banjur padha mbengok nganggo basa Likaonia: “Para dewa wis padha tumurun marang kita awujud manungsa!” 12Barnabas dijenengake Zeus, lan Paulus dijenengake Hermes, amarga Paulus kang dadi juru wicara utama. 13Imame Zeus, kang kuwile ana ing sangarepe kutha, nggawa sapi-sapi lanang lan rangkeyan kembang menyang gapura, karep arep saos kurban bebarengan karo wong akeh.
14Nanging bareng krungu bab iku, para rasul yaiku Barnabas lan Paulus padha nyuwek-nyuwek sandhangane sarta mlayu nrobos ing tengahe wong akeh, kambi mbengok, 15pangucape: “Para sadulur, yagene kowe padha nindakake bab iki? Aku iki iya manungsa kaya kowe, padha kaanane. Aku padha nggawa kabar kabungahan marang kowe: padha ninggalana barang-barang kang tanpa guna iki, banjur marepa marang Rama kang gesang, kang nitahake langit, bumi, segara, lan samubarang kabeh kang ana ing kono. 16Ing jaman-jaman kang kepungkur Panjenengane negakake sakehing bangsa padha lumaku miturut dalane dhewe-dhewe, 17nanging Panjenengane ora negakake sarirane tanpa paseksi: Panjenengane nindakake kabecikan, paring udan saka langit lan mangsa kang ngasilake woh marang kowe, sarta ngebaki atimu kalawan pangan lan kabungahan.”
18Senajan wis ngucapake bab-bab iku, wong loro mau meh bae ora bisa menggak wong akeh supaya ora saos kurban marang wong loro mau. 19Nanging ana wong Yahudi saka Antiokhia lan Ikonium kang teka, banjur padha mbujuk wong akeh, sarta mbenturi watu marang Paulus nganti dheweke digered metu saka kutha, awit dikira wis mati. 20Nalika para murid padha ngrubung dheweke, Paulus tangi banjur lumebu maneh menyang kutha. Esuke dheweke mangkat menyang Derbe bebarengan karo Barnabas.
Nyantosakake Para Murid
21Sawuse martakake kabar kabungahan ing kutha mau sarta ndadekake akeh wong dadi murid, wong loro mau padha bali menyang Listra, Ikonium, lan Antiokhia, 22sarta padha nyantosakake jiwane para murid, ngatag-atag supaya tetep ngantepi ing pracaya, pangucape: “Kita kudu padha lumebu ing Kratone Rama kita lumantar sangsara kang akeh.” 23Sawuse njumenengake para pinituwa tumrap saben pasamuwan, sarta ndedonga kambi pasa, wong loro mau masrahake para murid mau marang Gusti kang wis dipracaya.
24Banjur padha ngliwati tanah Pisidia sarta tekan ing Pamfilia. 25Lan sawuse martakake pangandika ing Perga, banjur padha mudhun menyang Atalia, 26saka ing kono banjur padha nunggang prau menyang Antiokhia, papan nalika semono wong loro mau wis dipasrahake marang sih-rahmate Rama kita kanggo pagawean kang wis dirampungake. 27Bareng padha tekan ing kono, wong loro mau padha nglumpukake pasamuwan sarta nyritakake sakehing bab kang wis ditindakake dening Rama kita lumantar wong loro mau, lan kepriye anggone Panjenengane wis mbukak lawang pracaya tumrap wong kang dudu Yahudi. 28Sarta wong loro mau nganti suwe anggone padha ana ing kono bebarengan karo para murid.