Sih-Welas Nahan Rawuhe Panjenengane
Bareng dikandhani yèn bakal nampa tanahé nanging ora karo ngarsané, umat padha sedhih lan nyopoti perhiasané. Musa, sing guneman karo Rama kita adhep-adhepan kaya karo kanca, ora gelem mlaku sajangkah waé tanpa Panjenengané, banjur nyuwun supaya bisa ndeleng kamulyané lan didhelikaké ing guwa watu.
33 1Rama kita ngandika marang Musa: “Lungaa saka kene, kowe lan bangsa kang wis koentasake saka tanah Mesir, menyang tanah kang wis Daksumpahake marang Abraham, Iskak lan Yakub: Tanah iku bakal Dakparingake marang turunmu. 2Aku bakal ngutus malaekat ndhisiki kowe lan bakal nundhung wong Kanaan, wong Amori, wong Het, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus. 3Mangkata menyang tanah kang luber ing puwan lan madu, nanging Aku ora bakal mangkat bareng karo kowe, awit kowe iku bangsa kang wangkot, mundhak Aku numpes kowe ana ing dalan.”
4Bareng bangsa iku krungu pawarta kang nyedhihake iku, banjur padha susah, lan ora ana wong siji-sijia kang nganggo pepaese.
5Awit Rama kita wis ngandika marang Musa: “Kandhakna marang wong Israel: Kowe iku bangsa kang wangkot. Saupama Aku mangkat bareng karo kowe sakedhep bae, mesthi Aku bakal numpes kowe. Saiki copoten pepaesmu, supaya Aku bisa mutusake apa kang bakal Daktindakake marang kowe.”
6Mulane wong Israel padha nyopoti pepaese wiwit saka gunung Horeb.
Tarub Pasewakan
7Musa tansah njupuk tarub, banjur dipasang ana ing sanjabane pakemahan, adoh saka pakemahan, lan dijenengake Tarub Pasewakan. Saben wong kang ngupaya Rama kita padha metu menyang Tarub Pasewakan, ing sanjabane pakemahan. 8Saben Musa metu menyang tarub mau, wong kabeh padha ngadeg, siji-sijine ana ing lawanging tarube dhewe, nyawang Musa nganti Musa lumebu. 9Saben Musa lumebu ing tarub, tugu mega mudhun, ngadeg ing lawang, banjur Rama kita ngandika karo Musa. 10Samangsa wong kabeh padha weruh tugu mega ngadeg ing lawanging tarub, banjur padha ngadeg sujud nyembah, siji-sijine ana ing lawanging tarube dhewe. 11Mangkono Rama kita ngandika marang Musa adu arep, kaya wong kang ngomong karo mitrane. Musa banjur bali menyang pakemahan, nanging Yusak bin Nun, abdine kang isih enom, ora ninggal tarub mau. a a v11 Tembung “adu arep” tegese Rama kita ngandika karo Musa kanthi langsung lan raket, kaya mitra, dudu ateges Musa weruh pasuryane Panjenengane kang ora kaaling-alingan, kang miturut ayat 20 ora ana wong siji-sijia bisa tetep urip.
Rawuhe Rama kita Nunggil karo Kita
12Musa banjur matur marang Rama kita: “Mugi kauningana, Paduka ngandika dhateng kawula, ‘Entasna bangsa iki,’ nanging Paduka dereng paring sumerep dhateng kawula sinten ingkang badhe Paduka utus nunggil kawula. Mangka Paduka sampun ngandika, ‘Aku wis wanuh marang kowe miturut jenengmu, lan kowe uga wis oleh sih ana ing ngarsaKu.’ 13Milaning punika, manawi kawula pancen sampun angsal sih wonten ing paningal Paduka, mugi karsaa nedahaken margi-margi Paduka dhateng kawula, supados kawula saged tepang kaliyan Paduka, saha ajeg angsal sih wonten ing paningal Paduka. Saha mugi kaengetana — bangsa punika umat kagungan Paduka.”
14Rama kita banjur ngandika: “Aku dhewe bakal tindak nunggil karo kowe, lan kowe bakal Dakparingi katentreman.”
15Musa banjur munjuk: “Manawi Paduka piyambak boten tindak nunggil kawula sadaya, kawula sampun ngantos Paduka entasaken saking ngriki. 16Awit saking punapa anggenipun badhe kasumerepan, bilih kawula sampun angsal sih wonten ing ngarsa Paduka, kawula saha umat Paduka? Rak inggih margi saking anggen Paduka tindak nunggil kawula sadaya, satemah kawula saha umat Paduka kapisahaken saking sadaya bangsa ing salumahing bumi?”
17Rama kita banjur ngandika marang Musa: “Uga bab kang koksuwun iki bakal Daktindakake, awit kowe wis oleh sih ana ing ngarsaKu, lan Aku wis wanuh marang kowe miturut jenengmu.”
18Musa banjur munjuk: “Mugi karsaa ngatingalaken kamulyan Paduka dhateng kawula.”
19Rama kita ngandika: “Sakabehing kabecikanKu bakal Daklakokake liwat ing ngarepmu, lan asmaKu bakal Daksebut ana ing ngarepmu. Aku bakal paring sih-rahmat marang sapa kang Dakkarsakake, lan paring welas asih marang sapa kang Dakkarsakake.” 20Nanging Rama kita ngandika: “Kowe ora bisa ndeleng pasuryanKu, awit ora ana wong siji-sijia kang ndeleng Aku bisa tetep urip.” 21Rama kita banjur ngandika: “Ana panggonan ing sacedhakKu; kowe ngadega ing watu karang, 22nalika kamulyanKu liwat, kowe bakal Dakdokok ing lenge watu karang, lan Daktutupi nganggo astaKu nganti Aku wis kliwat. 23Banjur astaKu bakal Dakunduhake, temah kowe bakal weruh gegerKu; nanging pasuryanKu ora bakal katon.”