Rancangane Rama kita bab Palakrama
Yesus netepake bebojoan ing cara Rama kita nitahake manungsa ing wiwitan, nampani bocah-bocah kang ditundhung para sakabat, lan dhawuh marang wong nom kang becik lan sugih supaya ngedol samubarang darbeke. Wong mau lunga kanthi sedhih. Apa kang mokal tumrap manungsa iku bisa kelakon tumrap Rama kita.
19 1Bareng Gusti Yesus wis rampung ngandika mangkono, banjur tindak saka tanah Galilea menyang tlatah Yudea, ing sabrange Kali Yarden. 2Wong akeh padha ndherekake Panjenengane, lan padha diwarasake ana ing kono.
3Ana wong Farisi padha sowan arep nyoba Panjenengane, pitakone: “Punapa tumraping tiyang jaler punika kenging megat semahipun kanthi sabab punapa kemawon?”
4Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe padha durung tau maca, yen Rama kita, kang nitahake manungsa wiwit sakawit, iku nitahake lanang lan wadon, 5sarta ngandika: ‘Mulane wong lanang bakal ninggal bapak lan biyunge, banjur rumaket marang somahe, lan sakarone bakal dadi daging siji’? 6Dadi wong loro iku wis ora loro maneh, nanging dadi daging siji. Mulane apa kang wis digathukake dening Rama kita, aja nganti dipisah dening manungsa.”
7Ature wong-wong mau: “Manawi makaten, kenging punapa Nabi Musa paring dhawuh supados tiyang jaler maringi serat pegat lajeng megat semahipun?”
8Pangandikane Gusti Yesus: “Nabi Musa marengake kowe padha megat bojomu, awit saka wangkoting atimu, nanging wiwit sakawit ora mangkono. 9Aku pitutur marang kowe: Sapa wong kang megat bojone—kajaba marga saka laku jina—banjur omah-omah karo wong wadon liya, iku dadi laku jina.”
10Ature para sakabat: “Manawi kawontenanipun tiyang jaler lan estri makaten, prayogi boten sisah krama kemawon.”
11Pangandikane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Ora kabeh wong bisa nampa pitutur iki, mung wong kang wis diparingi wae.” 12“Ana wong kebiri kang wiwit lair saka guwa-garbaning ibune pancen wis mangkono; ana wong kebiri kang digawe mangkono dening wong liya; lan ana wong kang ngebiri awake dhewe marga saka Kratone Rama kita. Sing sapa bisa nampa prakara iki, becik nampaa.”
Gusti Yesus Nampani Bocah-bocah Cilik
13Banjur ana bocah-bocah cilik padha digawa menyang ngarsane Gusti Yesus, supaya ditumpangi asta lan didongakake, nanging para sakabat padha nyaruwe wong-wong kang nggawa bocah-bocah mau.
14Nanging Gusti Yesus ngandika: “Bocah-bocah cilik iku kareben padha marani Aku, aja padha dipenggak, awit Kratone Rama kita iku kadarbe dening wong-wong kang kaya mangkono iku.”
15Panjenengane banjur numpangake astane marang bocah-bocah mau, nuli tindak saka ing kono.
Prakara Siji kang Isih Kurang
16Nalika iku ana wong kang sowan marang Panjenengane, pitakone: “Guru, kesaenan punapa ingkang kedah kula tindakaken supados angsal gesang langgeng?”
17Pangandikane Gusti Yesus: “Yagene kowe takon marang Aku bab apa kang becik? Mung Siji kang becik. Yen kowe kepengin lumebu ing urip, netepana pepakon-pepakon.”
18Pitakone wong mau: “Ingkang pundi?” Pangandikane Gusti Yesus: “Aja memateni, aja laku jina, aja nyolong, aja ngucapake paseksi palsu, 19ngajenana bapak lan biyungmu, sarta tresnaa marang pepadhamu kaya marang awakmu dhewe.”
20Ature wong nom-noman mau: “Punika sadaya sampun kula tindakaken. Punapa malih ingkang kula kirang?”
21Pangandikane Gusti Yesus: “Yen kowe kepengin sampurna, lungaa, barang darbekmu edolana, pepayone wenehna marang wong miskin, temah kowe bakal nduweni bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”
22Bareng wong nom-noman mau krungu pangandika iku, banjur lunga kanthi sedhih, awit dheweke sugih banget.
23Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate: “Satemene Aku pitutur marang kowe, wong sugih iku angel banget bisane lumebu ing Kratone Rama kita. 24Aku pitutur maneh marang kowe, luwih gampang unta lumebu ing bolonganing dom, katimbang wong sugih lumebu ing Kratone Rama kita.”
25Bareng para sakabat padha krungu pangandika iku, banjur padha kaeraman banget, pitakone: “Manawi makaten, sinten ingkang saged kawilujengaken?”
26Gusti Yesus mirsani para sakabat, banjur ngandika: “Tumraping manungsa prakara iki mokal, nanging tumraping Rama kita samubarang bisa kelakon.”
27Petrus banjur munjuk: “Lah, kawula sadaya sampun nilar samukawis lan ndherekaken Paduka. Punapa ingkang badhe kawula tampi?”
28Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene Aku pitutur marang kowe, besuk ing jaman kaanyarake, nalika Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyane, kowe kang wis padha ndherekake Aku iya bakal padha lungguh ing dhampar rolas, ngadili taler rolas bangsa Israel.
29Saben wong kang wis ninggal omah, utawa sedulur lanang, utawa sedulur wadon, utawa bapak, utawa biyung, utawa anak, utawa palemahan marga saka jenengKu, bakal tampa ganjaran tikel satus, sarta bakal oleh warisan urip langgeng. 30Nanging akeh wong kang saiki dhisik bakal dadi keri, lan akeh wong kang saiki keri bakal dadi dhisik.”