Kawelasan tumrap Para Wong Benyamin kang Isih Urip
Sawisé supaos yèn ora ana anak wadon sing bakal omah-omah karo wong Benyamin, Israèl nangis ana ing ngarsané Rama kita merga ana siji taler sing lagi kebusak, lan ndandani kanthi kekerasan sing luwih akèh: Yabesy-Gilead dipatèni kabèh kanggo njupuk patang atus prawané, lan sing isih kurang dikongkon nyegat lan nyulik bocah-bocah wadon Silo sing lagi njogèd.
21 1Wong Israel wis padha sumpah ing Mizpa, pangucape: “Ora ana wong siji-sijia ing antara kita kang bakal menehake anake wadon marang wong Benyamin dadi bojo.” 2Wong akeh banjur padha teka ing Betel lan lungguh ana ing kono ing ngarsane Rama kita nganti sore, karo padha sesambat lan nangis kelara-lara. 3Ature: “Dhuh Rama kawula, Gusti Allahipun Israel, kenging punapa prakawis punika kelampahan ing Israel, dene ing dinten punika wonten taler satunggal ingkang ical saking Israel?”
4Esuke wong akeh padha tangi esuk-esuk, banjur gawe misbyah ana ing kono, sarta nyaosake kurban obaran lan kurban slametan. 5Wong Israel banjur padha takon: “Sapa ing antarane sakehe taler Israel kang ora teka ing pasamuwan, sowan marang ngarsane Rama kita?” Awit wong-wong mau wis padha sumpah kanthi temenan, yen sing sapa ora sowan marang ngarsane Rama kita ing Mizpa, mesthi kudu diukum pati. 6Wong Israel padha ngrasakake sedhih marang Benyamin, sadulure. Pangucape: “Ing dina iki ana taler siji kang kapagas saka Israel. 7Kepriye anggon kita bisa oleh bojo kanggo wong-wong kang isih urip mau, awit kita wis padha sumpah demi Rama kita, ora bakal menehake anak-anak kita wadon marang wong-wong iku?” 8Banjur padha takon maneh: “Sapa ing antarane taler-taler Israel kang ora sowan marang ngarsane Rama kita ing Mizpa?” Jebul ora ana wong siji-sijia saka Yabesy-Gilead kang teka ing pakemahan, ing pasamuwan mau. 9Awit nalika wong akeh padha diitung, ora ana siji-sijia wong saka ing antarane wong Yabesy-Gilead kang ana ing kono. 10Pasamuwan banjur ngutus prajurit kang paling kendel cacahe rolas ewu menyang ing kono, kanthi prentah mangkene: “Mangkata, wong-wong ing Yabesy-Gilead padha patenana nganggo pedhang, dalah para wong wadon lan bocah-bocah. 11Dene kang kudu kolakoni yaiku: saben wong lanang lan saben wong wadon kang wis tau sapaturon karo wong lanang, padha sirnakna kabeh.” 12Ing antarane wong Yabesy-Gilead ketemu prawan patang atus kang durung tau sapaturon karo wong lanang, banjur padha digawa menyang pakemahan ing Silo, ing tanah Kanaan.
13Sawuse mangkono sapasamuwan kabeh banjur kongkonan menyang wong Benyamin kang ana ing parang Rimon, sarta ngabarake tentrem-rahayu marang wong-wong mau. 14Nalika iku wong Benyamin padha bali, banjur diwenehi wong-wong wadon kang isih diuripake saka Yabesy-Gilead; nanging isih kurang kanggo wong-wong mau kabeh. 15Wong akeh padha ngrasakake sedhih marang Benyamin, awit Rama kita wis ndadekake ana rengka ing antarane taler-taler Israel. 16Para pinituwaning pasamuwan banjur padha calathu: “Kepriye anggon kita bisa oleh bojo kanggo wong-wong kang isih urip mau, awit para wong wadon ing Benyamin wis padha sirna?” 17Pangucape maneh: “Wong Benyamin kang isih urip kudu padha duwe tanah-pusaka, supaya aja nganti ana taler kang sirna saka Israel. 18Nanging kita ora bisa menehake anak-anak kita wadon dadi bojone, awit wong Israel wis padha sumpah, mangkene: ‘Kenaa ing ipat-ipat sing sapa menehake bojo marang wong Benyamin.’” 19Banjur padha calathu: “Saben taun ana riyaya kagem Rama kita ana ing Silo, ing sisih lor Betel, ing sisih wetane dalan gedhe kang munggah saka Betel menyang Sikhem, lan ing sisih kidul Lebona.” 20Sarta padha mrentahi wong Benyamin, pangucape: “Padha mangkata, dhelika ana ing pakebonan anggur. 21Padha ngawasna; samangsa para prawan ing Silo padha metu arep jejogedan, kowe padha mlumpata saka ing pakebonan anggur, saben wong nyekela siji dadi bojone saka para prawan ing Silo, banjur padha baliya menyang tanah Benyamin. 22Samangsa bapak-bapake utawa sedulure lanang padha teka marang kita arep nggrundel, kita bakal padha ngandhani: Welasana wong-wong iku marga saka kita, awit sajrone perang kita ora bisa olehake bojo kanggo saben wong, lan kowe dhewe ya ora menehake bojo marang wong-wong iku; yen ora mangkono, saiki kowe mesthi kaluputan.”
23Mulane wong Benyamin padha nglakoni mangkono; padha njupuk bojo, siji kanggo saben wong, saka para prawan kang jejogedan kang padha dicekel mau, banjur padha bali menyang tanah-pusakane, mbangun maneh kutha-kuthane, sarta padha manggon ana ing kono. 24Nalika iku wong Israel padha lunga saka ing kono, siji-sijine marang talere lan golongane dhewe-dhewe; saben wong padha metu saka ing kono menyang tanah-pusakane. 25Ing jaman iku ora ana ratu ing Israel; saben wong padha nglakoni apa kang dianggep bener dhewe.