Zofar Mangsuli
Zofar paling kasar: Ayub kakehan omong, lan Allah malah ngukum dheweke luwih entheng tinimbang kaluputane. Singkirna dosa saka tarubmu, kandhane, lan uripmu bakal luwih padhang tinimbang wayah awan. Dheweke yakin banget, lan iku diomongake marang wong sing ora luput.
11 1Banjur Zofar wong Naamah mangsuli: 2“Apa ilining tembung iki ora kena diwangsuli? Apa wong kang kakehan guneman kudu dibenerake? 3Apa guneman kothongmu bakal nggawe wong liya padha meneng? Apa kowe arep moyoki tanpa ana wong kang gawe isinmu? 4Awit kowe kandha, ‘Piwulang kawula punika murni, saha kawula resik wonten ing ngarsa Paduka.’ 5Nanging, saupama Gusti Allah karsa ngandika, lan mbikak lathine nglawan kowe, 6lan mbukak wewadining kawicaksanan marang kowe—awit kawicaksanan kang sejati iku ana rong sisihe. Mulane elinga, yen Gusti Allah anggone ngukum kowe iku kurang katimbang karo samesthine kaluputanmu. 7Apa kowe bisa njajagi bab-bab kang jero saka Gusti Allah? Apa kowe bisa nemokake watese Sang Mahakwasa? 8Iku luwih dhuwur tinimbang langit—apa kang bisa koktindakake? Luwih jero tinimbang jagading pati—apa kang bisa kokmangerteni? 9Ukurane luwih dawa tinimbang bumi lan luwih amba tinimbang segara. 10Manawa Panjenengane nglangkungi lan nyekel banjur nglebokake pakunjaran sarta nimbali marang pangadilan, sapa kang bisa menggak Panjenengane? 11Awit Panjenengane mirsa wong kang tanpa guna; samangsa Panjenengane mirsani piala, apa Panjenengane ora bakal nggalih bab iku? 12Nanging wong kang kothong utege bakal dadi wicaksana, yen anak kuldi alasan lair dadi manungsa. 13Yen kowe nata atimu lan ngegarake tanganmu marang Panjenengane, 14yen ana dosa ing tanganmu, buwangen, lan aja nganti ana duraka manggon ing tarub-tarubmu, 15satemene kowe bakal ngunggahake raimu, tanpa isin; kowe bakal ngadeg jejeg lan ora wedi. 16Kowe bakal lali marang kasangsaranmu, ngelingi iku kaya banyu kang wis mili ilang. 17Uripmu bakal luwih padhang tinimbang wayah tengange; pepetenge bakal kaya wayah esuk. 18Kowe bakal rumangsa tentrem, awit ana pangarep-arep; kowe bakal nyawang ing sakiwa-tengenmu lan turu kanthi rahayu. 19Kowe bakal turu tanpa ana kang gawe wedimu, lan akeh wong kang golek sihmu. 20Nanging mripate wong duraka bakal lamur; sakehing dalan oncat bakal sirna tumrap wong-wong iku, lan mung siji pangarep-arepe, yaiku medhot ambegan kang pungkasan.”