Gusti Yesus Paring Pangan marang Wong Patang Ewu
Yesus maringi mangan patang èwu wong, ora gelem maringi tandha, lan ngèlingaké bab ragi wong Farisi. Wong wuta bisa ndeleng kanthi rong tahap. Petrus nyebut Panjenengané Kristus, banjur nyenèni Panjenengané merga ngandika yèn kudu séda, lan diarani Iblis, merga mikiraké prakarané manungsa dudu prakarané Rama kita.
8 1Ing dina-dina iku ana wong akeh maneh padha nglumpuk lan ora duwe panganan. Gusti Yesus banjur nimbali para sakabate, pangandikane:
2“Aku melasi wong golongan iki, awit wis telung dina padha ngetutake Aku lan ora duwe panganan. 3Yen padha Dakkon mulih kaliren, mesthi bakal padha ambruk ana ing dalan, awit ana sawenehe kang teka saka panggonan kang adoh.”
4Ature para sakabate: “Wonten ing pasamunan ngriki, saking pundi anggenipun tiyang saged pikantuk roti kangge nyekecani tiyang samanten kathahipun?”
5Panjenengane banjur ndangu: “Kowe padha duwe roti pira?” Wangsulane: “Pitu.”
6Panjenengane banjur dhawuh marang wong akeh supaya padha linggih ing lemah. Roti pitu mau dipundhut, disaosi sokur, nuli dicuwil-cuwil lan diparingake marang para sakabate supaya diedum marang wong akeh; para sakabat banjur ngedum marang wong golongan mau. 7Para sakabat uga padha duwe iwak cilik sawetara. Sawise iwak mau diberkahi, Panjenengane dhawuh supaya iku uga diedum marang wong akeh. 8Wong kabeh padha mangan nganti wareg. Lan cuwilan roti turahane isih diklumpukake pitung kranjang. 9Cacahe wong kang ana ing kono watara patang ewu. Sawise iku Panjenengane banjur ngutus wong-wong mau padha mulih.
10Panjenengane nuli enggal-enggal nitih prau karo para sakabate, tindak menyang wewengkon Dalmanuta.
Golongan kang Njaluk Pratandha
11Wong-wong Farisi banjur padha teka lan wiwit padha bebantahan karo Panjenengane. Kanggo nyoba Panjenengane, wong-wong mau padha njaluk pratandha saka swarga.
12Panjenengane nuli nggresah jero ing panggalihe, banjur ngandika: “Yagene golongan iki njaluk pratandha? Satemene Aku pitutur marang kowe, golongan iki ora bakal diparingi pratandha apa-apa.”
13Panjenengane banjur nilar wong-wong mau, nitih prau maneh, tindak menyang sabrang.
Padha Ngati-ati marang Ragine Wong Farisi
14Para sakabat padha lali ora nggawa roti; mung ana roti siji kang digawa ana ing prau.
15Panjenengane banjur ngelingake marang para sakabate: “Padha diawas lan wewekaa marang ragine wong Farisi lan ragine Prabu Herodhes.”
16Para sakabat nuli padha rerasanan, yen padha ora nggawa roti.
17Gusti Yesus mirsa gagasane para sakabat, banjur ngandika: “Yagene kowe padha rerasanan bab ora duwe roti? Apa kowe padha durung weruh lan durung mudheng? Apa atimu padha wangkot? 18Kowe padha duwe mata, apa kok ora bisa ndeleng? Kowe padha duwe kuping, apa kok ora bisa krungu? Apa kowe padha ora kelingan? 19Nalika Aku nyuwil-nyuwil roti lima kanggo wong limang ewu, kowe padha ngumpulake cuwilan turahan pirang kranjang kebak?” Wangsulane: “Rolas.”
20“Lan nalika Aku nyuwil-nyuwil roti pitu kanggo wong patang ewu, kowe padha ngumpulake cuwilan pirang kranjang kebak?” Wangsulane: “Pitu.”
21Panjenengane banjur ngandika marang para sakabate: “Apa kowe isih padha durung mudheng?”
Gusti Yesus Marasake Wong Wuta
22Bareng tekan ing Betsaida, ana wong padha nggawa wong wuta marang ngarsane Gusti Yesus, lan padha nyuwun supaya Panjenengane kersa ndemek wong wuta mau.
23Panjenengane banjur nyepeng tangane wong wuta mau, dituntun metu saka desa. Sawise ngidoni mripate wong mau lan numpangi asta, Panjenengane ndangu: “Apa kowe weruh apa-apa?”
24Wong mau tumenga lan munjuk: “Kula ningali tiyang, nanging ketingalipun kados wit-witan ingkang mlampah-mlampah.”
25Gusti Yesus banjur numpangi astane maneh ing mripate wong mau. Wong mau nuli mandeng kanthi tliti, banjur waras, lan bisa ndeleng samubarang kabeh kanthi cetha.
26Panjenengane banjur ngutus wong mau mulih, pangandikane: “Aja mlebu ing desa.”
Kowe Ngarani Aku Iki Sapa?
27Gusti Yesus lan para sakabate banjur tindak menyang desa-desa ing wewengkon Kaisarea Filipi. Ana ing dalan Panjenengane ndangu marang para sakabate: “Wong-wong padha ngarani Aku iki sapa?”
28Ature para sakabat: “Yokanan Pembaptis; wonten ingkang mastani Nabi Elia; wonten malih ingkang mastani salah satunggaling nabi.”
29Panjenengane banjur ndangu: “Nanging kowe ngarani Aku iki sapa?” Ature Petrus: “Paduka punika Sang Kristus.”
30Panjenengane banjur ngawekani kanthi tandes supaya aja padha nyritakake bab Panjenengane marang sapa-sapa.
Putraning Manungsa Kudu Nandhang Sangsara
31Panjenengane banjur wiwit mulang marang para sakabate, yen Putraning Manungsa kudu nandhang sangsara akeh, ditampik dening para pinituwa, para pangarepe imam, lan para ahli Toret, nuli disedani, sarta sawise telung dina bakal wungu maneh. 32Panjenengane ngandika bab iku kanthi blaka. Petrus banjur narik Panjenengane menyang sisih, nuli wiwit nyrengeni Panjenengane.
33Nanging Panjenengane minger, mirsani para sakabate, banjur nyrengeni Petrus, pangandikane: “He Iblis, sumingkira saka ngarepKu! Awit kang kokgagas iku dudu prakarane Rama kita, nanging prakarane manungsa.”
34Panjenengane banjur nimbali wong akeh lan para sakabate, nuli ngandika marang wong-wong mau: “Sapa sing arep ngetutake Aku, kudu nyingkur awake dhewe, manggul salibe, banjur ngetutake Aku. 35Amarga sapa sing arep ngreksa nyawane bakal kelangan nyawane; nanging sapa sing kelangan nyawane marga saka Aku lan Injil, bakal ngreksa nyawane. 36Apa paedahe wong kang oleh jagad saisine kabeh, nanging kelangan nyawane? 37Utawa apa kang bisa diwenehake wong minangka tebusaning nyawane? 38Awit sapa sing isin ngakoni Aku lan pituturKu ana ing tengahe golongan kang laku jina lan dosa iki, Putraning Manungsa uga bakal isin ngakoni wong iku, besuk nalika rawuh ngagem kamulyane Sang Rama bebarengan karo para malaekat suci.”