Yunus ing Telenging Segara
Saka ing jeroning iwak Yunus ndedonga kaya wong kang klelep, suket segara nglibeti sirahe lan gapuraning bumi ketutup ing mburine, ngaturake panuwun marang Rama kita kang wis ngentas uripe saka ing jugangan. Dheweke nyaguhi bakal netepi apa kang wis dijanjekake, lan iwak mau mutahake dheweke ing dharatan.
2 1Banjur Yunus ndedonga marang Rama kita saka ing jeroning iwak mau: 2Ing sajroning karupekan kawula sesambat dhateng Rama kawula, temah Panjenenganipun paring wangsulan dhateng kawula; saking wetenging kubur kawula sesambat nyuwun pitulungan, mila Paduka miyarsakaken swanten kawula. 3Paduka sampun nyemplungaken kawula dhateng telenging samodra, dhateng tengahing saganten, temah ilining toya ngubengi kawula; sadaya alun saha ombak Paduka nglelebi kawula. 4Lajeng kawula ngunandika, ‘Kawula sampun katundhung saking ngarsa Paduka; ewasemanten kawula badhe tumenga malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci.’ 5Toya ngemuli kawula ngantos dumugi pejah; telenging samodra ngupengi kawula; ganggeng kabuntelaken ing sirah kawula. 6Kawula ambles dhateng oyoding gunung-gunung; bumi nutup gapuranipun wonten ing wingking kawula ing salami-laminipun. Nanging Paduka sampun ngunggahaken gesang kawula saking luweng, Dhuh Rama kawula. 7Nalika gesang kawula meh pedhot, kawula enget dhateng Rama kawula, saha pandonga kawula sumengka dhateng Paduka, dhateng padaleman Paduka ingkang suci. 8Tiyang ingkang nggondheli brahala ingkang tanpa guna sami nilar katresnan ingkang saestunipun saged dados gadhahanipun. 9Nanging kawula badhe ngaturaken kurban dhateng Paduka kanthi pamuji panuwun; kawula badhe netepi sadaya nadar ingkang sampun kawula ucapaken. Karahayon punika kagunganipun Rama kawula!
10Banjur Rama kita paring dhawuh marang iwak mau, temahan iwak mau ngutahake Yunus menyang ing dharatan.