Pedhange Rama kita Tumiba ing Filistin
Banjire Rama kita mumbul saka lor nglimputi Filistin, dadakan banget nganti para bapa ora noleh bali marang anak-anake. Gaza lan Askelon padha nangisi. Pungkasane pedhang ditakoni nganti kapan anggone bakal leren, lan wangsulane: ora, salawase isih ana dhawuh kanggo dheweke.
47 1Pangandikane Rama kita marang Nabi Yeremia bab wong Filistin, sadurunge Sang Prabu Pringon nggempur kutha Gaza.
2Mangkene pangandikane Rama kita: “Lah, banyu mili saka ing lor, dadi ilen kang ambludag. Banjur ngelebi tanah iku lan samubarang kang ana ing kono, kutha dalah para wonge. Wong-wong bakal padha sesambat, lan kabeh kang manggon ing tanah iku bakal padha ngadhuh-adhuh. 3Nalika keprungu swaraning jranthal kang kumrampyang saka jarane lanang, swaraning gumuruhing kretane lan gumludhuging rodhane, para bapak ora bakal nolih marang anak-anake, astane padha gumlethak lemes, 4awit saka tekane dina kang bakal numpes wong Filistin kabeh, lan ngethok saka Tirus lan Sidon saben wong kang isih urip kang bisa mitulungi. Awit Rama kita numpes wong Filistin, sisane saka pesisir Kaftor. 5Kutha Gaza bakal nyukur sirahe tandha prihatin; kutha Askelon bakal dadi bisu. He, sisaning lebake wong-wong mau, nganti pira suwene anggonmu padha nglarani awakmu dhewe? 6Adhuh, pedhange Rama kita! Nganti pira suwene kowe lagi arep leren? Balia menyang warangkamu; menenga lan tentrema. 7Nanging kepriye bisane leren, mangka Rama kita wis paring dhawuh marang pedhang mau? Nglawan Askelon lan nglawan pesisir — yaiku papan kang wis dituduhake dening Panjenengane.”