Gusti Yesus, Kang Kuwasa Nylametake
Ana sawijining sosok teka saka Edom nganggo sandhangan kebak getih, sawise ngidak-idak pameresan anggur piyambakan tanpa ana kang mbiyantu. Banjur pangeling-eling dadi lembut: Rama kita melu nandhang kasangsaraning umate, nggendhong wong-wong iku, nganti padha gawe sedhihe Rohe. Pungkasane takon ana ing ngendi sih-kawelasane.
63 1Sapa iki kang rawuh saka Edom, kanthi pangagemane kang abang mbranang saka Bozra, kang mulya ing pangagemane, tindak kanthi karosane kang gedhe? “Iki Aku, kang ngundhangake kabeneran, kuwasa nylametake.” a a v1 Rasul Yokanan mirsa Gusti Yesus ngagem jubah kang wis kacelup ing getih, lagi ngidak pamipitan anggur bebenduning Ramane — Wahyu 19:11-15.
2Kenging punapa pangageman Paduka abrit, lan pangageman Paduka kados tiyang ingkang ngidak wonten ing pamipitan anggur?
3“Aku wis ngidak pamipitan anggur ijen, lan saka para bangsa ora ana siji-sijia kang ngancani Aku; Dakremuk wong-wong mau sajroning dedukaKu lan Dakidak-idak ing bebenduKu; getih uripe muncrat ing pangagemanKu, lan Dakregeti kabeh pangagemanKu. 4Awit dinaning pamales iku ana ing panggalihKu, lan taune para tebusanKu wis teka. 5Aku mirsani, nanging ora ana kang bisa tetulung; Aku gumun dene ora ana kang nyangga Aku; mula astaKu dhewe kang nekakake karahayon, lan bebenduKu kang nyangga Aku. 6Dakidak-idak para bangsa sajroning dedukaKu; Dakgawe mendem wong-wong mau ing bebenduKu, lan getih uripe Dakesokake ing bumi.”
Aku Bakal Nyritakake Katresnane Rama kita
7Aku bakal nyritakake sih-kadarmane Rama kita, pepujian marang Panjenengane, miturut sakabehe kang wis katindakake marang kita, sarta kabecikan kang gedhe kang wis kaparingake marang turune Israel, miturut welas asihe, miturut sih-kadarmane kang lubering.
8Awit Panjenengane ngandika: “Satemene iki umatKu, para anak kang ora bakal cidra.” Mula Panjenengane dadi Juru Slamete.
9Ing sakabehing kasangsarane, Panjenengane uga nandhang sangsara, lan utusaning ngarsane nylametake wong-wong mau; marga saka katresnane lan welas asihe Panjenengane nebus wong-wong mau; Panjenengane ngangkat lan nggendhong wong-wong mau ing sajroning sakabehing dina jaman kuna. 10Nanging wong-wong mau padha mbalela lan nusahake Sang Roh Suci kagungane; mula Panjenengane banjur malih dadi mungsuhe, lan Panjenengane piyambak merangi wong-wong mau. 11Banjur dheweke ngeling-eling dina jaman kuna, bab Nabi Musa lan umate. Ana ing ngendi Panjenengane kang nuntun wong-wong mau munggah saka segara, karo para pangoning pepanthane? Ana ing ngendi Panjenengane kang maringake Sang Roh Suci kagungane ing tengahe wong-wong mau, 12kang mulung astane kang mulya ana ing tengene Nabi Musa, kang misahake banyu ing ngarepe wong-wong mau, supaya yasa asma kang langgeng kanggo Panjenengane, 13kang nuntun wong-wong mau liwat telenging segara? Kaya jaran ing ara-ara samun, wong-wong mau ora padha kesandhung. 14Kaya kewan ingon kang mudhun menyang lebak, Rohe Rama kita maringi katentreman marang wong-wong mau. Makaten anggen Paduka nuntun umat Paduka, supados yasa asma ingkang mulya kagem Paduka.
Mugi Karsa Mirsani saka Swarga
15Paduka mugi karsa mirsani saking swarga saha nguningani, saking padaleman Paduka ingkang suci saha mulya. Wonten ing pundi greget Paduka lan pakaryan Paduka ingkang santosa? Trenyuhing panggalih Paduka saha welas asih Paduka katahan saking kawula. 16Awit Paduka punika Rama kawula, sanadyan Abraham boten tepang kaliyan kawula sadaya, saha Israel boten nganggep dhateng kawula; Paduka punika Rama kawula; Juru Panebus kawula wiwit jaman kuna punika asma Paduka. 17Dhuh Rama, kenging punapa Paduka nglilani kawula sami nyimpang saking margi Paduka saha ngatogaken manah kawula dados atos, ngantos kawula boten ajrih dhumateng Paduka? Mugi Paduka wangsul karana para abdi Paduka, para taler pusaka Paduka. 18Namung sawetawis dangunipun umat Paduka ingkang suci anggadhahi pusaka punika; mengsah kawula sampun ngidak-idak papan pasucen Paduka. 19Kawula sami dados kados tiyang ingkang boten nate Paduka kwaosi, kados tiyang ingkang boten nate kasebut mawi asma Paduka.