Atiku Tetep Santosa
Kidung. Masmur anggitane Prabu Dawud.
Dironce saka rong masmure Dawud kang luwih dhisik: musik esuk kang nggugah fajar, banjur pangaku-akune Rama kita wiwit biyen yen Sikhem, Gilead lan Edom iku kagungane. Ing antarane ana ukara kang wening yen pitulungane manungsa iku tanpa guna, lan panyuwun pitulungan kang sejati.
108 1Manah kawula tetep teguh, dhuh Rama; kawula badhe ngidung saha ngunekaken gamelan kanthi saindenging gesang kawula. 2Tangia, he clempung lan kecapi! Kawula badhe nggugah bangun enjing. 3Kawula badhe memuji Paduka ing antawisipun para bangsa, dhuh Rama; kawula badhe ngunekaken gamelan konjuk ing Paduka ing antawisipun para umat. 4Awit sih-kadarman Paduka punika ageng, langkung inggil tinimbang langit, saha kasetyan Paduka dumugi ing awang-awang.
5Mugi Paduka kaluhurna, dhuh Rama, ngungkuli langit, saha mugi kamulyan Paduka ngebaki salumahing bumi. 6Mugi kawula sami Paduka slametaken kanthi asta tengen Paduka saha mugi Paduka wangsuli, supados tiyang ingkang Paduka tresnani sami kaluwaran.
7Rama kita wis ngandika ana ing kasucene: “Kanthi kaunggulan Aku bakal ngedum-edum Sikhem lan ngukur Lebak Sukot. 8Gilead iku duwekKu, Manasye iku duwekKu; Efraim iku tetopong perangKu, Yehuda teken keprabonKu.
9Moab iku bokor pawijikanKu; marang Edom Aku mbuwang trumpahKu; marang tanah Filistin Aku surak-surak merga menang.”
10Sapa kang bakal nggawa aku menyang kutha kang santosa? Sapa kang bakal nuntun aku menyang Edom? 11Punapa sanes Paduka, dhuh Rama, ingkang rumiyin sampun nampik kawula sadaya, saha boten tindak sesarengan kaliyan wadya-bala kawula malih? 12Mugi kawula sami Paduka paringi pitulungan kangge nglawan mengsah, awit pitulunganing manungsa punika tanpa gina. 13Sarana pitulunganing Rama kita, kita bakal unggul ing jurit, lan Panjenengane bakal ngidak-idak mungsuh kita.