Gulungan Kitab kang Legi kaya Madu
Dhèwèké mangan gulungan iku lan rasané legi kaya madu, banjur digawa marang wong buwangan ing Tel-abib, ing kana lungguh kamitenggengen ing antarané wong-wong mau pitung dina. Rama kita ndadèkaké dhèwèké juru jaga, sing tanggung jawab kanggo ngélingaké, banjur naleni ilaté supaya mung ngomong yèn diparingi tembung.
3 1Panjenengane ngandika marang aku: “He anaking manungsa, mangana apa kang koktemu. Panganen gulungan iki, banjur lungaa lan kandhaa marang turune Israel.”
2Aku banjur mangap, nuli Panjenengane maringake gulungan iku supaya dakpangan.
3Panjenengane ngandika marang aku: “He anaking manungsa, wetengmu wenehana pangan lan isinana padharanmu nganggo gulungan kang Dakparingake marang kowe iki.” Gulungan mau banjur dakpangan, lan ing cangkemku rasane legi kaya madu.
4Nuli Panjenengane ngandika marang aku: “He anaking manungsa, lungaa marang turune Israel lan nglairna pangandikaKu marang wong-wong mau.
5“Awit kowe ora diutus marang bangsa kang basane ora cetha lan angel, nanging marang turune Israel, 6ora marang bangsa akeh kang basane ora cetha lan angel, kang tembunge ora bisa kokmangerteni. Satemene, saupama kowe Dakutus marang wong-wong iku, mesthi bakal padha ngrungokake marang kowe. 7Nanging turune Israel ora bakal gelem ngrungokake marang kowe, amarga wong-wong mau ora gelem ngrungokake marang Aku; awit kabeh turune Israel iku atos sirahe lan wangkot atine. 8Lah, raimu wis Dakgawe atos kaya raine wong-wong mau, lan bathukmu atos kaya bathuke. 9Bathukmu wis Dakgawe kaya watu gurinda, luwih atos tinimbang watu geni. Aja wedi marang wong-wong mau lan aja giris marga saka pasemone, awit wong-wong iku turun kang mbalela.”
10Panjenengane ngandika marang aku: “He anaking manungsa, kabeh pangandikaKu kang Dakdhawuhake marang kowe iku tampanana ing atimu lan rungokna kalawan kupingmu. 11Lungaa marang wong-wong buwangan, yaiku bangsamu dhewe, lan kandhaa marang wong-wong mau. Tutura: ‘Mangkene pangandikane Rama kang Mahakwasa,’ dadia wong-wong mau padha ngrungokake, dadia ora gelem ngrungokake.”
12Nuli Rohe Rama kita njunjung aku, lan ing saburiku aku krungu swara gumuruh kang gedhe: “Pinujia kamulyane Rama kita saka ing padalemane!” 13yaiku swarane swiwine makluk-makluk urip kang padha gathuk siji lan sijine, lan swarane rodha-rodha ing sandhinge, swara gumuruh kang gedhe. 14Sang Roh njunjung aku lan nggawa aku lunga, lan aku lunga kanthi rasa pait, rohku mulad-mulad ing njero, dene astane Rama kita kanthi santosa tumumpang ing aku. 15Aku banjur tekan ing panggonane wong-wong buwangan ing Tel-abib ing pinggir kali Kebar, lan aku lungguh ing tengahe wong-wong mau ing kana, kanthi ati bingung, pitung dina lawase.
Rama kita Netepake Juru Jaga
16Bareng wis genep pitung dina, pangandikane Rama kita rawuh marang aku, mangkene:
17“He anaking manungsa, kowe wis Dakdadekake juru jaga kanggo turune Israel. Samangsa kowe krungu pangandika saka lesanKu, kowe menehana pepeling marang wong-wong mau saka Aku. 18Manawa Aku ngandika marang wong duraka: ‘Kowe mesthi bakal mati,’ mangka kowe ora menehi pepeling marang dheweke utawa ora kandha supaya ngelingake wong duraka iku saka dalane kang ala, kanggo nylametake nyawane, wong duraka mau bakal mati marga saka dosane, nanging getihe bakal Daktuntut saka kowe.
19“Nanging manawa kowe wis menehi pepeling marang wong duraka, mangka dheweke ora mratobat saka pialane utawa saka dalane kang ala, wong iku bakal mati marga saka dosane, nanging kowe wis nylametake nyawamu.
20“Mangkono uga, manawa wong bener nyimpang saka kabenerane lan nindakake piala, sarta Aku ndokokake sandhungan ana ing ngarepe, dheweke bakal mati. Sarehne kowe ora menehi pepeling marang dheweke, dheweke bakal mati marga saka dosane, lan sakehe panggawene kang bener bakal ora kelingan maneh, dene getihe bakal Daktuntut saka kowe. 21Nanging manawa kowe menehi pepeling marang wong bener supaya aja gawe dosa, mangka dheweke banjur ora gawe dosa, dheweke bakal urip, amarga wis nggatekake pepeling mau, lan kowe wis nylametake nyawamu.”
22Ing kono astane Rama kita tumumpang ing aku, lan Panjenengane ngandika marang aku: “Tangia, metua menyang ara-ara, lan ana ing kana Aku bakal ngandika marang kowe.”
23Aku banjur tangi lan lunga menyang ara-ara, lan ing kana ana kamulyane Rama kita jumeneng, kaya kamulyan kang wis dakdeleng ing pinggir kali Kebar, aku banjur sumungkem sujud.
24Sang Roh banjur lumebet ing aku, njejegake aku ing sikilku, ngandika marang aku, pangandikane: “Lungaa, ngurunga ing njero omahmu. 25Dene kowe, he anaking manungsa, wong-wong bakal masang tali ing kowe lan mbanda kowe nganggo tali mau, satemah kowe ora bisa metu ing satengahe wong akeh.
26Ilatmu bakal Dakgawe kraket ing cethakmu, satemah kowe bakal bisu, ora bisa melehake wong-wong mau, awit wong-wong iku turun kang mbalela. 27Nanging samangsa Aku ngandika marang kowe, cangkemmu bakal Dakbukak, lan kowe bakal kandha marang wong-wong mau: ‘Mangkene pangandikane Rama kang Mahakwasa.’ Sapa kang gelem ngrungokake, kareben ngrungokake; lan sapa kang ora gelem, kareben ora gelem — awit wong-wong iku turun kang mbalela.”