Astane Rama kita Nglawan Wong Filisti
Wong Filisti nyelehake pethi prajanjiané Rama kita sing dirampas ana ing sandhingé Dagon, lan kaping pindho padha nemokaké allahé tiba ngungkurep, sing kapindho sirah lan tangané pedhot ana ing tlundhakan. Bisul lan giris ngetutaké pethi mau saka Asdod menyang Gat menyang Ekron, nganti saben kutha nyuwun supaya disingkiraké.
5 1Wong Filisti wis ngrebut Pethi Suci kagungane Rama kita, banjur digawa saka Eben-Ezer menyang Asdod. 2Wong Filisti njupuk Pethi Suci kagungane Rama kita mau, digawa menyang kuwil Dagon, banjur diselehake ing sacedhake Dagon. 3Bareng wong Asdod padha tangi esuk-esuk ing dina esuke, weruh Dagon wis tiba mengkureb ing lemah ana ing ngarsane Pethi Suci kagungane Rama kita. Dagon banjur dijunjung lan didokok maneh ing panggonane. 4Bareng esuke padha tangi esuk-esuk maneh, Dagon wis tiba mengkureb maneh ing lemah ana ing ngarsane Pethi Suci kagungane Rama kita. Ing wektu iki sirahe lan astane loro-lorone wis padha tugel ana ing tlundhag; mung awake sing isih kari. 5Mulane nganti saprene para imame Dagon lan sakabehe wong kang mlebu ing kuwil Dagon ing Asdod padha ora ngidak tlundhage Dagon. 6Astane Rama kita nindhihi kanthi abot marang wong Asdod. Panjenengane numpes wong-wong mau lan ndhawahi bisul—iya ing Asdod lan ing wewengkon sakiwa-tengene. 7Bareng wong Asdod padha weruh kahanan iku, banjur padha ngucap: “Pethi Sucine Allahe Israel ora kena tetep ana ing panggonan kita; amarga astane wis nindhihi abot marang kita lan marang Dagon, allah kita.” 8Banjur padha nglumpukake sakabehe panggedhene wong Filisti, sarta padha takon: “Pethi Sucine Allahe Israel iki kudu dikapakake?” Wangsulane: “Pethi Sucine Allahe Israel iku elungna menyang Gat.” Pethi Sucine Allahe Israel mau banjur dielih mrana.
9Sawise dielih, astane Rama kita iya banjur nempuh kutha mau, njalari geger kang gedhe banget. Panjenengane ndhawahi wong-wonge, enom tuwa, nganti padha thukul bisul. 10Mulane Pethi Suci kagungane Rama kita banjur dikirim menyang Ekron. Nanging bareng tekan kono, wong Ekron padha mbengok: “Pethi Sucine Allahe Israel digawa mrene marang kita, arep mateni kita lan bangsa kita!”
11Mulane banjur padha nglumpukake sakabehe panggedhene wong Filisti sarta padha ngucap: “Pethi Sucine Allahe Israel iki singkirna; kareben bali menyang panggonane dhewe, supaya ora mateni kita lan bangsa kita.” Awit ing sakutha kabeh wis katrajang geger kang nggegirisi; astane Rama kita nindhihi abot banget ana ing kono. 12Wong kang ora mati padha katrajang bisul, sarta pesambate kutha mau sumundhul ing langit.