Rama kita Ngluwari Israel Lumantar Saul
Nahas nawani Yabes-Gilead tentrem kanthi rega saben mripat tengen. Saul, sing lagi mluku nalika kabar teka, dikuwasani Roh, nyembelèh sapiné kanggo nimbali Israèl, lan ngalahaké wong Amon nalika ésuk. Dhèwèké ora gelem matèni wong-wong sing nyacad dhèwèké: dina iki Rama kita wis paring kaslametan.
11 1Banjur Nahas, wong Amon, teka ngepung Yabes-Gilead sarta masang kemah ana ing kono. Wong Yabes kabeh padha matur marang Nahas: “Mugi karsa damel prajanjian kaliyan kawula sadaya, temah kawula sami badhe ngawula dhateng panjenengan.”
2Wangsulane Nahas, wong Amon: “Prajanjian iki kang bakal dakgawe karo kowe kabeh yaiku: saben wong dakcukil mripate tengen, kanggo gawe wirange wong Israel kabeh.”
3Para pinituwane Yabes padha matur marang Nahas: “Mugi kawula dipunparingi tempo pitung dinten, supados kawula saged ngintun utusan ngubengi satanah Israel sadaya. Manawi boten wonten ingkang mitulungi kawula, kawula badhe masrahaken dhiri dhateng panjenengan.” 4Para utusan mau banjur padha teka ing Gibea, kuthane Saul, sarta nyritakake prakara mau marang wong akeh, temah wong kabeh padha nangis kelara-lara.
5Nalika iku Saul lagi mulih saka pategalan, ngetutake sapine. Dheweke takon: “Ana apa ta wong-wong iku? Yagene padha nangis?” Wong-wong banjur padha nyritakake pawartane wong Yabes marang Saul. 6Bareng Saul krungu tembung-tembung mau, Rohe Rama kita banjur ngrasuk ing dheweke, sarta nepsune mulad-mulad banget. 7Panjenengane njupuk sapi rakit sajodho, dikethok-kethok dadi pirang-pirang perangan, banjur dikirimake ngubengi satanah Israel kabeh lumantar para utusan, kanthi pesen: “Sapa wae kang ora metu melu Saul lan Samuel, sapine bakal dadi kaya mangkene.” Banjur wong akeh padha kataman giris saka Rama kita, temah padha metu kaya wong siji. 8Saul banjur nacahake wong-wong mau ana ing Bezek: wong Israel telung atus ewu, lan wong Yehuda telung puluh ewu. 9Banjur padha kandha marang para utusan kang teka mau: “Kandhaa marang wong Yabes-Gilead: Sesuk, samangsa srengenge wis panas, kowe kabeh bakal padha ditulungi.” Para utusan mau banjur padha lunga lan ngandhani wong Yabes, temah wong-wong padha bungah. 10Wong Yabes banjur padha matur: “Benjing enjing kawula sami badhe masrahaken dhiri dhateng panjenengan; mangga katindakna punapa kemawon ingkang dados keparengipun panjenengan dhateng kawula.” 11Esuke Saul mbagi wong akeh dadi telung golongan. Nalika wayah jaga esuk, wong-wong padha mlebu ing tarub kemahe mungsuh, sarta numpes wong Amon nganti tekan panase dina. Wong kang isih padha urip banjur buyar pating slebar, nganti ora ana wong loro kang isih bebarengan.
Karajan Dianyarake ana ing Ngarsane Rama kita
12Wong akeh banjur padha matur marang Samuel: “Sinten ingkang gadhah tembung: ‘Punapa Saul badhe jumeneng ratu nguwasani kita?’ Mugi tiyang-tiyang punika kaulungna, badhe kawula pejahi.”
13Nanging Saul kandha: “Ing dina iki ora ana wong siji-sijia kang bakal dipateni, awit ing dina iki Rama kita wis paring karahayon marang Israel.”
14Samuel banjur kandha marang wong akeh: “Ayo, kita padha menyang Gilgal, lan ana ing kana kita anyarake karajan.” 15Wong kabeh banjur padha menyang Gilgal, lan ana ing kono padha njumenengake Saul dadi ratu ana ing ngarsane Rama kita. Ana ing kono wong-wong padha nyaosake kurban kerukunan ana ing ngarsane Rama kita, temah Saul lan wong Israel kabeh padha bungah banget.