Salaka kang Dimurnekake Kaping Pitu
Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu sheminit. Masmur anggitane Prabu Dawud.
Wong setya wis ilang lan saben wong ngalem palsu kanthi ati loro. Juru masmur nyuwun supaya ilat sing gumunggung dipedhot, lan nampa wangsulan: merga wong miskin padha nggresah, Rama kita ngandika yèn Panjenengané bakal jumeneng. Pangandikané iku salaka sing diresiki kaping pitu.
12 1Dhuh Rama, mugi karsaa paring pitulungan, awit para tiyang mursid sampun telas; para tiyang setya sampun sirna saking antawisipun para anaking manungsa. 2Saben tiyang ngapusi tangganipun; kanthi lambe lamis saha manah ingkang mangro, anggenipun sami wicanten. 3Mugi Rama karsaa numpes sadaya lambe ingkang lamis, saha saben ilat ingkang gumunggung ngucapaken prakawis ageng-ageng, 4inggih para tiyang ingkang sami mungel: “Sarana ilat kita, kita bakal unggul; lambe kita iku duweke kita dhewe — sapa kang dadi gustine kita?”
5“Marga wong mlarat padha dirampas, marga wong kang kekurangan padha sesambat, saiki Aku bakal jumeneng,” mangkono pangandikane Rama kita. “Aku bakal nylametake wong kang ngarep-arep iku.”
6Pangandikanipun Rama kita punika pangandikan ingkang murni, salaka ingkang dipunmurnekaken wonten ing prapen siti, ingkang dipunesuhi kaping pitu. 7Dhuh Rama, Paduka ingkang badhe ngreksa para tiyang kekirangan supados tetep wilujeng; Paduka badhe njagi kawula saking golongan punika ngantos salami-laminipun. 8Para tiyang duraka sami nglembara ing pundi-pundi, nalika kanisthan dipunjunjung inggil ing antawisipun para anaking manungsa.