Wong Duraka lan Tindak-tanduke
Kanggo pangarsaning kidung. Masmur anggitane Prabu Dawud, abdine Rama kita.
Dibukak saka jroning pikirané wong duraka, kang ngalem awaké dhéwé nganti ora weruh dosané. Nglawan omongan batin kang ciyut iku, masmur iki mbukak metu marang Rama kita: katresnan kang tekan méga, kaadilan kaya gunung-gunung, kali kanikmatan, pepadhang kang ndadèkaké kita bisa ndeleng pepadhang.
36 1Pambalela ngucap marang wong duraka ana ing telenging atine; ora ana rasa wedi marang Rama kita ana ing sangarepe mripate.
2Awit dheweke ngalem marang awake dhewe ana ing pandelenge dhewe, nganti ora bisa nitik dosane utawa gething marang dosa mau. 3Tembunge cangkeme iku piala lan apus-apus; dheweke wis mandheg tumindak wicaksana lan nindakake kabecikan. 4Malah ana ing paturone dheweke ngrancang piala; dheweke madeg ing dalan kang ora becik; dheweke ora nampik marang kang ala.
5Dhuh Rama, sih-kadarman Paduka dumugi ing langit, kasetyan Paduka dumugi ing mega-mega. 6Kabeneran Paduka kados gunung ingkang kuwat prakosa, pangadilan Paduka kados teleng samodra ingkang lebet; Paduka nylametaken manungsa lan kewan, dhuh Rama. 7Saiba ajinipun sih-kadarman Paduka, dhuh Rama! Sakathahing manungsa sami ngaub ing sangandhaping swiwi Paduka. 8Tiyang-tiyang sami kasukan dening kalubering dalem Paduka, saha Paduka maringi ngombe saking lepening kabingahan Paduka. 9Awit sumbering gesang punika wonten ing Paduka; ing pepadhang Paduka kawula sami ningali pepadhang.
10Mugi sih-kadarman Paduka kalajengaken dhateng tiyang ingkang sami sumerep dhateng Paduka, saha kabeneran Paduka dhateng tiyang ingkang tulus manahipun. 11Sampun ngantos suku tiyang gumunggung ngidak kawula, saha sampun ngantos tangan tiyang duraka nundhung kawula. 12Ing kana para wong kang gawe piala wis padha ambruk; padha kajungkelake, ora bisa tangi maneh.