Rama kita Ngadili Sengite Edom kang Wis Lawas
Edom, ing Gunung Seir, ngugemi sengit kang wis lawas lan masrahake Israel marang pedhang ing dina bilai, banjur ngaku tanah loro kang wis suwung iku dadi duweke. Rama kita mangsuli yen Edom kang bakal dadi suwung, lan iku ing salawas-lawase.
35 1Pangandikane Rama kita rawuh marang aku, mangkene:
2He, anaking manungsa, ngadhepna raimu marang Gunung Seir, lan medhara pameca nglawan gunung iku. 3Tutura marang gunung iku: Mangkene pangandikane Rama kang Mahakuwasa: “Lah, Aku nglawan kowe, Gunung Seir. Aku bakal ngacungake astaKu nglawan kowe lan kowe bakal Dakdadekake sepi mamring lan bera. 4Kutha-kuthamu bakal Dakdadekake jugrug, lan kowe bakal dadi sepi mamring. Tumuli kowe bakal ngerti, yen Aku iki Rama.
5Amarga kowe ngukuhi sengit kang wis lawas, lan masrahake wong Israel marang pedhang nalika wektune nemahi bilai, ing wektu tekane paukuman kang pungkasan,” 6mulane, demi gesangKu — mangkono pangandikane Rama kang Mahakuwasa — kowe bakal Dakpasrahake marang wutahing getih, lan wutahing getih bakal ngoyak kowe. Sarehne kowe ora sengit marang wutahing getih, wutahing getih bakal ngoyak kowe. 7“Gunung Seir bakal Dakdadekake sepi mamring lan ara-ara samun, sarta Daksirnakake saben wong kang teka lan lunga ana ing kono. 8Gunung-gununge bakal Dakkebaki wong-wong kang padha kasambut; ing tengger-tenggermu, ing lebak-lebak lan ing sakehing jurangmu, wong kang padha tiwas dening pedhang bakal padha gumlimpang. 9Kowe bakal Dakdadekake sepi mamring ing salawase; kutha-kuthamu bakal tetep suwung. Tumuli kowe bakal ngerti, yen Aku iki Rama.
10Amarga kowe kandha, ‘Bangsa loro iki lan tanah loro iki bakal dadi duwek kita; bakal kita kuwasani’ — sanadyan Rama kita ana ing kono,” 11mulane, demi gesangKu — mangkono pangandikane Rama kang Mahakuwasa — Aku bakal tumindak marang kowe cundhuk karo bebendu lan drengkimu, kang wis koktuduhake nalika kowe sengit marang Israel, sarta Aku bakal mratelakake sariraKu ana ing antarane wong Israel nalika Aku ngadili kowe.
12Tumuli kowe bakal ngerti, yen Aku iki Rama. Aku wis krungu sakehe pamoyokmu marang gunung-gununge Israel: “Iku wis dadi jugrugan, wis kapasrahake marang kita supaya padha diuntal.” 13Kowe wis umuk nglawan Aku srana cangkemmu, lan numpuk-numpuk tetembunganmu nglawan Aku; kabeh iku wis Dakrungu. 14Mangkene pangandikane Rama kang Mahakuwasa: Nalika salumahing bumi padha bungah-bungah, kowe bakal Dakdadekake sepi mamring. 15Kaya anggonmu bungah nalika tanah pusakane turune Israel dadi sepi mamring, mangkono uga kang bakal Daktandukake marang kowe. Kowe bakal dadi sepi mamring, he Gunung Seir, lan Edom kabeh, kabeh pisan. Tumuli wong-wong bakal padha ngerti, yen Aku iki Rama.