Sang Rama Nggigat Ati kang Nyembah Brahala
Pinituwa-pinituwa teka arep takon marang dhèwèké nanging nggawa brahala ing atiné, lan Rama kita ngandika bakal mangsuli miturut brahala-brahala iku. Senajan Nuh, Daniel lan Ayub ana ing tanah sing luput, mung bakal nylametaké awaké dhéwé. Ora ana sing kaluwaran merga kabeneraning wong liya.
14 1Banjur ana sawatara pinituwane Israel kang marani aku, nuli padha linggih ing ngarepku. 2Tumuli ana pangandikane Rama kita marang aku:
3He Putraning Manungsa, wong-wong iki wis padha nyimpen brahalane ing sajroning atine lan masang watu sandhungan kaluputane ana ing ngarepe. Apa Aku kudu nglilani wong-wong iku nyuwun pitedah marang Aku? 4Mulane kandhaa marang wong-wong mau, celathua: Mangkene pangandikane Rama kita Kang Mahakwasa: Saben wong turune Israel kang nyimpen brahalane ing sajroning atine lan masang watu sandhungan kaluputane ana ing ngarepe, banjur sowan marang nabi, Aku, Ramamu, kang bakal mangsuli dhewe marang wong iku miturut kehe brahalane, 5supaya Aku bisa ngranggeh atine turune Israel, kang kabeh wis padha ngedohi Aku marga saka brahala-brahalane.
6Mulane kandhaa marang turune Israel: Mangkene pangandikane Rama kita Kang Mahakwasa: “Padha mratobata! Baliya saka brahala-brahalamu, lan ngingera raimu saka sakehing barang-barangmu kang nistha. 7Awit saben wong Israel utawa wong manca kang manggon ing Israel, kang nyingkur Aku, nyimpen brahala ing sajroning atine, masang watu sandhungan kaluputane ana ing ngarepe, banjur sowan marang nabi arep nyuwun pitedah marang Aku, Aku, Ramamu, kang bakal mangsuli dhewe marang wong iku. 8Aku bakal ngadhepake pasuryanKu nglawan wong iku, sarta Dakdadekake pralambang lan bebasan; Daksirnakake saka ing antarane umatKu. Ing kono kowe bakal padha ngerti, yen Aku iki Ramamu.
9Dene manawa nabi kena kagodha nganti ngucapake sawijining pangandika, Aku, Ramamu, kang wis nggodha nabi iku; Aku bakal ngagagake astaKu nglawan wong iku lan Daksirnakake saka ing antarane umatKu Israel. 10Wong-wong mau bakal padha nyangga kaluputane dhewe-dhewe — kaluputane wong kang nyuwun pitakon bakal padha karo kaluputane nabi, 11supaya turune Israel ora bakal nyimpang maneh saka Aku utawa njemberake awake dhewe kanthi sakehing pambalelane. Wong-wong iku bakal dadi putra-putraKu, lan Aku dadi Ramane, mangkono pangandikane Rama kita Kang Mahakwasa.”
Patang Paukumane Rama kita kang Nggegirisi
12Tumuli ana pangandikane Rama kita marang aku:
13He Putraning Manungsa, manawa sawijining nagara gawe dosa marang Aku srana cidra ing janji, Aku bakal ngagagake astaKu nglawan nagara iku, prelu ngethok pasedhiyan pangane, ngedhunake paceklik, sarta nyirnakake manungsa lan kewan saka ing kono, 14sanadyan wong telu iki — Nuh, Dhaniel, lan Ayub — ana ing kono, mung bakal bisa nylametake awake dhewe marga saka kabenerane, mangkono pangandikane Rama kita Kang Mahakwasa.
15Utawa manawa Aku ngutus kewan galak ngambah nagara iku, satemah dadi suwung tanpa wong lan sepi mamring, nganti ora ana wong siji-sijia kang wani ngliwati marga saka kewan-kewan mau, 16Demi Aku kang gesang, mangkono pangandikane Rama kita Kang Mahakwasa, sanadyan wong telu iki ana ing kono, ora bakal bisa nylametake anak lanang utawa anak wadon. Mung awake dhewe kang bakal slamet, nanging nagara iku bakal dadi suwung.
17Utawa manawa Aku ndhatengake pedhang nglawan nagara iku, lan ngandika, ‘Pedhang ngambaha ing satanah iki,’ sarta nyirnakake manungsa lan kewan saka ing kono, 18demi Aku kang gesang, mangkono pangandikane Rama kita Kang Mahakwasa, sanadyan wong telu iki ana ing kono, ora bakal bisa nylametake anak lanang utawa anak wadon; mung awake dhewe kang bakal slamet.
19Utawa manawa Aku ngutus pageblug menyang nagara iku lan ngesokake bebenduKu ing kono kanthi getih, prelu nyirnakake manungsa lan kewan saka ing kono. 20Demi Aku kang gesang, mangkono pangandikane Rama kita Kang Mahakwasa, sanadyan Nuh, Dhaniel, lan Ayub ana ing kono, ora bakal bisa nylametake anak lanang utawa anak wadon; mung awake dhewe, marga saka kabenerane.
21Mangkene pangandikane Rama kita Kang Mahakwasa: Saya luwih ngeres maneh samangsa Aku ngutus paukumanKu papat kang nggegirisi — pedhang, paceklik, kewan galak, lan pageblug — nglawan Yerusalem, prelu nyirnakake manungsa lan kewan! 22Ewadene isih bakal ana wong kang kari urip ing kono, yaiku anak lanang lan anak wadon kang bakal padha diirid metu. Wong-wong iku bakal padha marani kowe, lan samangsa kowe ndeleng tindak-tanduk lan panggawene, kowe bakal padha lipur ing bab bilai kang wis Daktekakake marang Yerusalem — sakehing bab kang wis Daktibakake marang kutha iku. 23Wong-wong iku bakal padha nglipur kowe samangsa kowe ndeleng solah bawa lan panggawene, sarta kowe bakal padha ngerti, yen ora ana samubarang kang Daktindakake ing kono tanpa sabab, mangkono pangandikane Rama kita Kang Mahakwasa.