Saiki wis dicithak

Purwaning Dumadi 13 FHB Father's Heart Bible™

RamaYesusRoh
Diskon 15% kanggo pesenan kapisan panjenengan →
Kitab

Bali Menyang Misbyah

Kasugihan njalari para pangon kéwané Abram lan Lot padha padu, mula Abram ngepasi ponakané milih dhisik. Lot njupuk tlatah Yarden kang akèh banyuné lan alon-alon nyedhaki Sodom. Kari karo sisané, Abram didhawuhi Rama kita supaya nyawang menyang sakèhing jurusan: kabèh iku kagungané turuné.

Pasal 13.

Abram banjur lunga munggah saka Mesir menyang tanah Negeb, yaiku Abram dhewe, bojone, samubarang kabeh darbeke, lan Lot uga melu. Anadene Abram wis dadi sugih banget ing bab raja-kaya, salaka lan emas. Lakune mandheg-mandheg saka tanah Negeb nganti tekan Betel, menyang panggonan ing antarane Betel lan Ai, kang maune dadi papan ngadege tarube, yaiku ing panggonan kang dhisik dhewe didegi misbyah dening Abram. Ing kono Abram nyebut asmane Rama kita. Anadene Lot, kang lelungan bareng karo Abram, uga duwe wedhus, sapi lan tarub-tarub. Tanah kono ora bisa nyukupi wong loro mau manawa padha manggon bebarengan, awit raja-kayane wis kakehan, nganti ora bisa padha manggon bebarengan. Banjur ana padudon ing antarane para pangone Abram lan para pangone Lot. Nalika iku wong Kanaan lan wong Feris isih padha manggon ing tanah kono. Abram banjur kandha marang Lot: “Aja nganti ana padudon ing antarane aku lan kowe, utawa ing antarane para pangonku lan para pangonmu, awit kita iki padha sedulur. Apa ora kabeh tanah iki ana ing ngarepmu? Mulane, mangga pisaha saka aku: yen kowe ngiwa, aku bakal nengen; yen kowe nengen, aku bakal ngiwa.”

Lot banjur tumenga lan weruh, yen satanah ngare Yarden tekan Zoar iku kabeh akeh banyune, kaya patamanane Rama kita, kaya tanah Mesir. (Iki kelakon sadurunge Rama kita numpes Sodom lan Gomora.). Lot banjur milih satanah ngare Yarden iku kabeh kanggo awake dhewe, nuli lelungan ngetan; wong loro mau padha pisah siji lan sijine. Abram manggon ing tanah Kanaan, dene Lot manggon ing antarane kutha-kutha ing tanah ngare sarta masang tarube nganti tekan Sodom. Anadene wong Sodom iku padha ala sarta gedhe banget dosane marang Rama kita.

Sawuse Lot pisah saka Abram, Rama kita ngandika marang Abram: “Tumengaa saka panggonanmu ngadeg iki, ndelenga mangalor, mangidul, mangetan lan mangulon. Awit tanah kabeh kang kokdeleng iku bakal Dakparingake marang kowe lan turunmu ing salawas-lawase. Turunmu bakal Dakgawe akeh kaya lebu ing bumi, satemah manawa lebu ing bumi bisa kaetung, turunmu uga bakal bisa kaetung. Tangia, jlajahana tanah iki dawa lan ambane, awit iku bakal Dakparingake marang kowe.”

Abram banjur mindhah tarube, nuli lunga manggon ing sacedhake wit-wit elah ing Mamre, ing tanah Hebron, sarta ngedegake misbyah ing kono konjuk marang Rama kita.